Wayang, salah satunggalipun budaya jawi ingkang kedah dipun lestarikaken. Wonten kagiyatan belajar menika, kanthi migunakake pembelajaran kooperatif Jigsaw, migunakake video, powerpoint,gambar wayang, lan dolanan sakjroning pembelajaran, gadhahi tujuan supados budaya jawi menika saget kalestarikaken.
Wayang ingkang dipun kenalaken dumateng para santri inggih menika wayang satriya Pandawa. Satriya Pandawa menika yaiku Raden Puntadewa, Raden Werkudara, Raden Arjuna, Raden Nakula lan Raden Sadewa. Kesatriya Pandawa nggadhahi watak sabar lan narima, setya lan tresna dhateng sesama, jujur, adil lan tansah jagi karahayoganing nagari. Mugi – mugi para santri saget nggadahi watak kados tokoh pewayangan menika.
Kupat duduhe santen, menawi lepat nyuwun pangapunten.
0 komentar:
Posting Komentar